Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa
wae.
A.Titikane Geguritan
1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes
B. Unsur-unsur geguritan
Unsur Intrinsik
1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokokkang disuguhake dening panganggit.
2. Pamiling tembung/diksi : pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan.
3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.
Tuladha lelawaning basa :
a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa
tuladha : Serngenge iku ngguyu mesemmarang sliramu.
a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa
tuladha : Serngenge iku ngguyu mesemmarang sliramu.
b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada.
tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.
tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.
d. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni tembung.
tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.
tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.
4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra.
5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten.
6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.
Unsur Ekstrinsik
1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis
2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane.
3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.
2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane.
3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.
C.Tuladha Geguritan
TITIK SAKA DESA
Bambang P
Dak rungu titir saka desa
Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasustran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!
Jlentrehane :
Liding crita : Kabudayaan
Pamiling tembung :Titir, ngudarasa, kedunge, wirangi, sabawa, jaja, sangpujangga
Lelawaning basa : Jago-jago padha kluruk wayah sore , Menawa kali ilang kedhunge, Pasar ilang kumandhang
Citran : Pangrasa lan pangrungu
Latar : desa, trenyuh, sore
Pesen : Aja nglalikake budaya Jawa.
Dak rungu titir saka desa
Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasustran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!
Jlentrehane :
Liding crita : Kabudayaan
Pamiling tembung :Titir, ngudarasa, kedunge, wirangi, sabawa, jaja, sangpujangga
Lelawaning basa : Jago-jago padha kluruk wayah sore , Menawa kali ilang kedhunge, Pasar ilang kumandhang
Citran : Pangrasa lan pangrungu
Latar : desa, trenyuh, sore
Pesen : Aja nglalikake budaya Jawa.
D. Nulis Geguritan
1. Nemtoake tema
2. Milih tembung kang becik
3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes
4. Migunakake tembung kang andhahan
5. Migunakake basa kang endah
6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah
2. Milih tembung kang becik
3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes
4. Migunakake tembung kang andhahan
5. Migunakake basa kang endah
6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah
Sing kudu digatekake nalika maca Geguritan:
1.Wicara/Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/dhang-dhinge basa, pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane geguritan, pocapan kdu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamine mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2. Wirama/Tata cara/Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
3. Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.
Sumber :
- Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA /SMK/MA
- https://www.synaoo.com/geguritan-materi-bahasa-jawa-kelas-12/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar