Senin, 20 Januari 2020

Sesorah

  1. Pengerten sesorah

   Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara
liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha,tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.Upacara adat kang butuhake acara sesorah yaiku :

a.Upacara mantenan jangkep.
b.Sunatan ( Supitan )
c.upacara sedekah gunung, lan sapanunggalane.

2.Jenis Pidhato/Sesorah
a. miturut gunan, sesorah kabagi dadi piranh-pirang jinis, yaiku : sabdatama(sesorah tunggal),pambagyaharja(mahargya rawuhe tamu),tanggap wacana(sesorah kang kudu antuk tanggapan)

b. miturut ancase pidato
   1.atur pambagya : sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu,wonten ing acara menapa kemawon,umpaminipun:ing pahargyan (pesta),sukuran, lsp
   2.alur kabar,pawarta utawi informasi
Informasi saget arupi palapuran utawi nyariosaken satunggale bab dhateng pamiaraa, pramila bab i gkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
Tuladha:sesorah ing rapat,promosi barang,lansakpanunggalane.
  3.atur panglipur/hiburan ( ancasipun supadoa ingkang mirengaken remen penggalihipun)
Tuladha:ing layatan, atut saking pambela sungkawa.
  4.Pangajak
Ancasipun supados ingkang mirengake pitados.kapilut manahipun saengga purun nindakaken menapa ingkang dipunwedharaken.
Tuladha: Panyuluhan Kesehatan

3.      Tujuane sesorah
a.       Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
b.      Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.
c.       Aweh panglipur.
d.      Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.
4.      Metode sesorah
a.       Metode naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca kanthi langsung.
b.      Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca ananging diapalake.
c.       Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah ndisik.
d.      Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
5.      Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik :
a.       Basa
b.      Busan
c.       Wiramaning swara
d.      Solah bawa / sikap
6.      Unsure-unsur sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.

7. Contoh lan struktur sesorah
                     Sesorah Halalbihalal [1]
Assalamu 'alaikum wa rahmatullahi wa barakatuhu, [2]
Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu
kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin.[3]
Mangga sesarengan kula dherekaken ngonjukaken pudya puji
sukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung,
Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah. [4]
Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa
panjenengan sadaya, saperlu ngaturaken prekawis sakedhik
gegayutan kaliyan acara "Apura ingapura" utawi "Halalbihalal"
warsa 1437 H menika. [5]
Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker,
umat Islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shalat Ied [6]
Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin
dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring
zakat fitrah. [7]
Makaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap
sadaya kaladuking atur sarta muranging trapsila. [8]
Wa assalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu.[9]

Saka tuladha ringkes teks sesorah
ing duwur, bisa ditemokake ragangan
(struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9
perangan, yaiku:
1. Irah-irahan
2. Salam pambuka
3. Pakurmatan
4. Purwaka basa utawa pambuka
5. Wos utawa isine sesorah
6. Andharan wose sesorah ((yen prelu)
7. Pangarep-arep (pangajab)
8. Wasana basa utawa panutup
9. Salam panutup


Sumber :
  • http://sinau-basajawi.blogspot.com/2017/06/sesorah-ringkasan-materi.html?m=1
  • http://afparwati.blogspot.com/2017/05/materi-sesorah-bahasa-jawa-kelas-xi-sem.html?m=1
  • Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

Tembang macapat-dhandhanggula

       Tembang Dhandhanggula ing ngisor iki pethikan saka Serat Wulangreh, reriptane Sri Susuhunan Paku Buwana IV, pujangga kang uga raja ing Surakarta Hadiningrat (1788-1820). Serat Wulangreh iku dumadi saka 13 pupuh tembang. Isine Serat Wulangreh iku pitutur luhur kang dadi paugeran laku utama tumekane saiki. 

              Dhandhanggula Slendro 9
                                           .    .      .      .   .
         2  5      6   6         6   1   1    1      1  1
(1) //Pa-me- dhar-e/ wa-si- ta- ning/a- ti,
       .     .
       1    1      6     6     6  6    6    6     6      6
       Cu-man-tha- ka/ a- ni- ru/ pu- jang-ga,
       5   6     6      6     6     6   6 5  5
      Da-hat mu-dha/ ing ba- tin- e,
                                            .
       5     6       6     6       6  1        6
      Na-nging ke- dah/gi-nung- gung,
       5    5      2       2      2  2      2     2     16
                                                                    .
      Da-tan wruh yen/ a- keh/ nge-sem-i,
      1   2       2   2   2           2  2
      a- mek-sa/ a- ngrum-pa-ka,
        1   1    6       6    1 6   5
                    .        .         .    .
       Ba-sa/ kang ka- lan-tur,
       1     2     2       2     2   2    2    2
       Tu-tur/ kang ka- tu-la-/ tu- la,
     2    2    16  6   6   6     6       6   6    1      2 2
                    .    .    .    .     .         .    .
   Ti- na- la- ten/ ri- nu- ruh/ ka- la- wan ri-rih,
       5       6     1         6       2     1     6 1
        .       .                  .                      .
      Mrih pa-dhang-ing/ sas- mi- ta//

(2) Sasmitaning ngaurip puniki, 
      mapan ewuh yen ora weruha, 
      tan jumeneng ing uripe, 
      akeh kang ngaku-aku, 
      pangrasane sampun udani, 
      tur durung wruh ing rasa, 
      rasa kang satuhu, 
      rasaning rasa punika, 
      upayanen darapon sampurna ugi, 
      ing kauripanira.
(3) Nanging yen sira ngguguru kaki, 
      amiliha manungsa kang nyata, 
      ingkang becik martabate, 
      sarta kang wruh ing kukum, 
      kang ngibadah lan kang wirangi, 
      sokur oleh wong tapa, 
      ingkang wus amungkul, 
      tan mikir pawewehing liyan, 
      iku pantes sira guronana, 
      sartane kawruhana.

      Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang
pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). Ing rasaning swara dikenal anane titilaras slendro lan titilaras pelog. Titilaras slendro iku ana telung pathet, yaiku slendro pathet nem, slendro pathet sanga, lan slendro pathet manyura. Ing titilaras pelog uga ana telung pathet, pelog pathet nem, pelog pathet lima, lan pelog pathet barang.
     Ing tembang iku rasaning swara winengku ing rasaning basa, tegese nalika nembang
kudu ngutamakake basa utawa sastrane. Mula banjur ana pedhotan kendho lan pedhotan kenceng. Pedhotan kendho iku pedhotan kang manggon ing wekasaning tembung lan ora medhot wandaning tembung, dene pedhotan kenceng iku pedhotan kang ora manggon ing
wekasaning tembung.
    Serat kang tinulis kanthi tembang macapat lumrahe dumadi saka pirang-pirang pupuh. Saben pupuh mau dumadi saka pirang-pirang pada. Ing saben pada bisa ditemokake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu/swara. Arane saben pupuh mau bisa dideleng saka sasmitaning tembang lan paugerane tembang macapat.




   Tembang Macapat iku nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.


   Tembang Dhandhanggula pada (1) ing dhuwur yen digoleki guru gatra, guru
wilangan lan guru lagune kaya ing ngisor iki;
Gatra Cakepan Guru Wilangan lan
Guru Lagune
1. Pamedhare wasitaning ati, 10i,
2. Cumantha aniru pujangga, 10a,
3. Dahat mudha ing batine, 8e,
4. Nangi kedah ginunggung, 7u,
5. Dat wruh yen akeh ngesemi, 9i,
6.  Ameksa angrumpaka, 7a,
7.  Basa kang kalantur, 6u,
8.  Tutur kang katula-tula, 8a,
9.  Tinalaten rinuruh kalawan ririh, 12i,
10. Mrih padhanging sasmita 7a.

  Tembang Macapat iku jinise ana 11, gampange karingkes kanthi sebutan MasPuKi SiDurGamMi MeDhanPangkAs. 11 jinis tembang macapat mau ditata runtut kaya lelakune wong urip ing alam donya; yaiku : Maskumambang, Pucung, Kinanthi, 

Sinom, Durma, Gambuh, Mijil, Megatruh, Dhandhanggula, Pangkur, Asmaradana.

Sumber : 

  

Geguritan

   Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa
wae.

A.Titikane Geguritan

1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes

B. Unsur-unsur geguritan

Unsur Intrinsik

1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokokkang disuguhake dening panganggit.
2. Pamiling tembung/diksi :  pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan.
3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.
Tuladha lelawaning basa :
a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa
tuladha : Serngenge iku ngguyu mesemmarang sliramu.
b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada.
tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.
d. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni tembung.
tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.
4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra.
5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten.
6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.

Unsur Ekstrinsik

1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis
2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane.
3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika geguritan ditulis.

C.Tuladha Geguritan

TITIK SAKA DESA

Bambang P

Dak rungu titir saka desa
Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasustran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa 
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!

Jlentrehane :
Liding crita : Kabudayaan
Pamiling tembung :Titir, ngudarasa, kedunge, wirangi, sabawa, jaja, sangpujangga
Lelawaning basa : Jago-jago padha kluruk wayah sore , Menawa kali ilang kedhunge, Pasar ilang kumandhang
Citran : Pangrasa lan pangrungu
Latar : desa, trenyuh, sore
Pesen : Aja nglalikake budaya Jawa.

D. Nulis Geguritan

1. Nemtoake tema
2. Milih tembung kang becik
3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes
4. Migunakake tembung kang andhahan
5. Migunakake basa kang endah
6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah
Sing kudu digatekake nalika maca Geguritan:
1.Wicara/Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/dhang-dhinge basa, pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane geguritan, pocapan kdu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpamine mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha)
2. Wirama/Tata cara/Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
3. Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (ora kaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.

Sumber :
  • Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA /SMK/MA
  • https://www.synaoo.com/geguritan-materi-bahasa-jawa-kelas-12/

Iklan - ngawekani akehe informasi

    Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik . Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iIklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.

    Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang
iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Múla ora mokal ing Jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa Jawa. Ancase ora liya supaya wong kang ana ing Jawa iki bisa mangerteni kanthi gamblang isine iklan kasebut.
   Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menthes, Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobote iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.

A. Ngrembug teks iklan
   Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate TV lan
Radhio.

   Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:
1. jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
2. pihak utawa pawongan kang masang,
3. alamate sing masang,
4. kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.

   Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
1. migunakake slogan,
2. ukarane persuasi utawa mbujuk wong liya,
3. migunakake subjek wong kapisan.

Gatekna iklan radhio ing ngisor iki!
Bapak : "Bu, bune.. Iha nek Semarang iku panganan apa sing enak?"
Ibu: "Lha... ya soto Bangkong kang ana ing Prapatan Bangkong iku. Uenak tenan
sotone, uenak garang aseme, sate kerange uga sate ayame!"
Bapak : "Wah... uenak,.. kapan mangan ing soto Bangkong ya Bu!"

Mbutuhake buku Budaya Jawa...?
Toko Buku Prasaja
Nyedhiake maneka warna buku babagan budaya Jawa
Anyar lan lawas kabeh ana
Bukune pepak regane kacandhak
Alamat Kp. Jonegaran No. 248 Semarang
Buka jam 10.00-17.00 WIB
Dina minggu lan dina prei liyane tutup.
Buku budaya Jawa ya toko buku prasaja

Pro 4 RRI Yogyakarta
Ngleluri budaya Jawa
Frekuensi Am 1107 KHz
Programa pendidikan dan budaya
Acara
Kethoprak
- Wayang kulit
- Uyon-uyon Manasuka
- Sandiwara Basa Jawa

B. Nulis teks iklan
     Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik
kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
a. sing dituju kudu cetha,
b. sing ngirim kudu cetha,
c. barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
d. narik kawigaten sing maca,
e. nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
f.nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
g. bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
n. nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.

C. Carane nulis iklan
1. Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa). 
2.Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing
gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
3. Narembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes,
cetha, sopan uga narik kawigaten.

D. Nyuguhake teks iklan
  Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan.
2.Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.



Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA


Teks eksposisi - gamelan

A. Teks Eksposisi 
       Teks eksposisi iku sawijine karangan kang tujuanne nerangke utawa njelaske 
kedadean,kahanan utawa swasana tinamtu supaya wong kang maca bisa mudheng lan 
ngerti kanti cetha.Bab kang diandarake ing teks eksposisi bisa awujud:
1. Dhata faktual,yaiku sawijining kahanan kang nyata ana,lan bisa dicritakake kanthi 
cetha:
2. Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
3. Fakta ngenani prawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

Titikanne teks eksposisi yaiku :
1. Ngandharake panemu utawa gagasan 
2. Nuduhake kahanan sanyatane 
3. Ngunakake analisis lan sintesis 
4. Sumber ide bisa saka pengalaman,sikap utawa keyakinan 

Urutane gawe teks eksposisi yaiku:
1. Nemtoake undheraning perkara utawa tema,
2. Nemtokake ancas utawa tujuan,
3. Ngumpulke dhata saka maneka sumber,
4. Gawe cengkorongan,
5. Ngrembakake cenggokorangan dadi teks eksposisi

B. Teks Eksposisi Gamelan
                       GAMELAN JAWA 
       Gamelan yaiku alat musik tradisonal saka jawa. Gamelan lumrahing kanggo musik 
pengiring pagelaran wayang kulit ringgit joget lan uyon uyon,tembung gamelan dewe 
iku asale saka basa jawa yaiku ‘gamel’ kang ndue makna tabuh.miturut 
wujutte,gamelan ono 2 wernane yaiku gamelan gede lan gamelan barut.miturut suarane 
gamelan ana 2 yaiku gamelan pelog lan gamelan slendro.perangane gamelan ana warna 
warna yaiku kempul,kethuk kempyang,gembang,siter,celempung,slenthem,gong 
suwukan,saron,bonang,kendhang,sapanunggale.
Dhalang yaiku tukang nglakokaken lakon wayang. Waranggana utawa pasindhen yaiku 
tukang nembang gendhing-gendhing ing pagelaran wayang utawaing tanggapan. 
Niyaga yaiku tukang nabuh gamelan. Gerong yaiku nabuh gamelan sinambi nembang. 
Nabuh gamelan kui kudu ngerti pathet lan wilet. Pathet yaiku jero cetheke swara utawa 
dhuwur endheke swara. Lumrahe : -yen wayah sore (pathet 6) –yen wayah bengi (pathet 
9) – yen parak isuk (pathet manyuwara). Wilet yaiku sumbange swara.
Laras yaiku rentete swara gamelan. Dilaras artine dirututake swara siji-sijine gamelan, 
diruntutake endhek dhuwure lan gedhe cilike.bahan gamelan sing becik digawe yaiku 
saka perunggu.
Arane gendhing-gendhing:-gendhing cluntang –gendhing gilang –gendhng gonjing miring –
gendhing grompol –gending pangkur –gendhing puspawarna – gendhing sinom parijata 
lan sapanunggale.



C. Struktur Teks
1. PAMBUKA (TESIS)
  Yaiku, babagan teks sing ngemot pernyataan pendapat saka panulis, uga 
diarani bagean pambukaan.
2. ISI (ARGUMENTASI)
     Yaiku bagean sing ngemot alasan sing bisa ngiyatake argumentasi pengarang 
kanggo nguatake utawa nolak sawijining ide. 
 3. PANUTUP (PENEGASAN ULANG )
  Yaiku bagean sing ngemot penegasan ulang pendapat saka panulis.

D. Kaidah Kebahasaan
➢ Nggunakake pronouns, jinis tembung sing ngganti tembung gawe jeneng utawa 
ukara.
➢ Nggunakake konjungsi, konjungsi bisa digunakake ing teks eksposisi kanggo 
nguatke argumen.
➢ Nggunakake tembung tembung leksikal tartamtu (tembung sing ngrujuk kamus), 
yaiku tembung sing nuduhake obyek, nyata, lan ora 
Abstrak

E. Pokok - Pokok Isi
•  Gamelan yaiku alat musik tradisional saka jawa,sing lumrahe kanggo pengiring 
pagelaran utawa acara kegeden sing akeh macame.
• Gaweyane wong-wong sing ono ing gamelan yaiku dhalang, waranggana utawa
pasindhen, niyaga lan gerong.
•  Nabuh gamelan kui ora mung asal nabuh nanging kudu ngerti pathet lan wilet e.
• Bahan gamelan sing becik digawe saka perungu

Sumber:
  • Yatmana, Sudi. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa 1, 2, 3. Bogor : Yudhistira
  • Purwanto, eko . Pepak Bahasa Jawi
  • https://vajarsenja.blogspot.com/2015/09/macam-dan-jenis-alat-musik-gamelan-yang.html

Sesorah

Pengerten   sesorah    Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong ak...